di gawe bumbu wadahi kreneng
taun baru kakean rencana
sirahe ngelu dadine puyeng
banyu wutah metu keran
keran siji paralon loro
sirah puyeng golek hiburan
hiburan wengi kelon karo bojo
kupat tahu di wadahi piring
piring pecah sigar sepapan
mripat turu mlumah mbalik miring
nunggu bojo ora lek ndang mapan
lengo wajan rupane ireng
ampas telo rasane legi
bojo mapan ati seneng
tiwas gelo anakke tangi
( ngimpi )
